Contoh Teks MC Lomba Dusun

Assalaamu’alaikum Wr. Wb. ( Diucapkan bersamaan )
Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’d.

Dumateng para alim ulama' ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhur ing budi.
Dumateng poro sesepuh  pinisepuh ingkang satuhu kinabekten.
Dumateng poro pangemban pangembating praja satriyaning nagari minangka pandam pandoming kawulo dasih ingkang kinasih.
Para penderek ugi  para tamu undangan kakung sumawana putri ingkang satuhu dahat kinurmatan.

Minangkaning purwokaning atur sumonggo tansah kulo derekaken ngraosaken puji syukur Alhamdulillah wonten ngarso dalem Alloh SWT. Ingkang sarono sih kawelasan soho lumeberipun rohmat taufik soho hidayahipun kulo dalah panjenengan sedoyo saget makempal manunggal wonten setunggal majlis puniko ing sakperlu Derek-derek mangestreni wontenipun acoro Perti Dusun kanti kawontenan wilujeng nir sambikolo kalis ing beboyo.

Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun.

Sagunging tamu undangan kakung sumawono putrid ingkang dahat kinurmatan. Mugi pinarengno kawulo marak ngabiabtoro hanggempil mardikaning penggali, anggen jengandiko, samiyo lelenggahan wonten wismo pawiwahan puniko, tumprap perluning gati kawulo marak ngabiantoro, awit awrat pinatah anglantaraken rantamaning adicoro Perti Dusun ingkang bade kalampah  ing enjang puniko.

Pramilo keparengo langkung rumiyin kawulo ngaturaken menggah ingkang dados rantamaning adicoro ingkang sampun rinacik, rinampat soho rinumpoko.

1.                          

2.                          

3.                         

4.                         

5.                         

6.                         


Mekaten menggah tata rakiting adicara pawiwahan Perti Dusun ingkang sampun rinakit lan mangga pawiwahan punika kita bikak sesarengan kanthi waosan umul kitab  ing pangajab mugi-mugi pawiwahan siang  punika purwa madya wasana tansah manggih rahayu kalis ing rubeda nir ing sambikala.

Acara sak lajengipun .................................

Penutup :
Minangka adicara ingkang terakhir nun inggih panutup, Ananging sakderenge dipun tutup saking kawula minangka pranata cara mbok bilih awal saengga akhir wonten solah bawa saha atur ingkang mboten nuju prana kawula kajibah nyuwun gunging pangaksami.


Wassalamu’alaikum Wr.Wb. ( Diucapkan bersamaan )
Share on Google Plus

About Bhaktiyudha

Karang Taruna Bhakti Yudha adalah organisasi kepemudaan di Dusun Sanglor 1, Girisuko, Panggang, Gunungkidul.
    Blogger Comment

0 komentar:

Posting Komentar